Toli ya nyong koen kabeh asline pada nalar ish. Motor kridit ngingune Pertamax ya asline mbantu pemrentah keding oh, eben subsidi rega BBM kue bisa tepat sasaran nggo wong sing luwih melarat.
Tapi ka jebule malah dikorupsi, kan asu belih. Krungune kayong gemremet nemen. Ari weruh wong sing korupsi adep rai tah ndean tak betot gijile. Ora diraupi uyuh tah masa wurunga.
Kiye nyong tak ndeleng ndisit kaya apa ngko berita lanjutane. Tapi krungu duit samono akehe ka kayong penasaran. Mengini temen. Ora pengin piben ya, saiki wong nyupang kalah karo wong sing korupsi. Ndean tah belis-belis cupangan pada minder yah ora bisa luruh duit semono akehe.
Nyupang ya kudu ana wadale, ana tumbale. Korupsi tah kayong kepenak nemen yah. Dipenjara ya paling sedelatan. Kari mbayar aparat perkarane rampung. Wis pan pibe maning. Wong melarat ya pan korupsi angel. Sing bisa korupsi ya wong sing sugih-sugih, pinter ngapusi.
Nyupang Kalah Karo Korupsi, Korupsi Pertamina Rp 193,5 Triliun, Belis Cupang: Nyong Minder
