Nyupang Kalah Karo Korupsi, Korupsi Pertamina Rp 193,5 Triliun, Belis Cupang: Nyong Minder

Korupsi Pertamina
(Foto: Ilustrasi)

Penulis – Mahesa Bagaskara

Saiki kabar berita masalah korupsi kayong pan nggal dina ana. Nggal mbuka hape, ning Facebook, Google, YouTube, Tiktok, karo liane sing nongol ndisit berita-berita korupsi. Kayong enak apa yah? Sing anyar-anyar ana berita korupsi Pertamina (PT Pertamina Patra Niaga).

Pertamina kue usahane negara kayong dadi bancakane wong-wong sing rakus karo culas. Negara bisa rugi kelangan duit sampe Rp 193,5 triliun. Sih duite sepira yah? Nggo tuku gemblong ketan ya kayane makhluk sadunia rasan kabeh. Sampe mlukek ndean!

Tapi perkara korupsi kie, aban-abane lagi diselidiki maning. Jare tah sing maune ana wong pitu tersangka bakal tambah maning. Toli jare ya duite negara sing dikorupsi ning wong-wong kue lagi dietung maning.

Kira-kirane jare Kejaksaan Agung RI kue sampe Rp 968,5 triliun. Kue duit kabeh, ampun aku tah. Duwe duit semono akehe kaya apa rasane yah? Ndean tah sampe mati nganggur mangan turu ngising tok saumur urip geh kayane esih turah akeh.

Ya pibe ya, wong urip ari wis mangan sepiring wareg ya wis. Pan apa maning. Wareg ya turu, ngko tangi turu ngising, ngelih ya mangan maning. Ya arane sikluse makhluk sing urip ya paling kaya kue.

Balik maning maring kasuse, korupsi ning Pertamina kue sing rugi jebule dudu negara tok. Tapi enyong kowen kabeh ya melu rugi. Wong jare duit korupsi kue asale sing ngoplos bengsin, sing arane Pertamax karo Pertalite.

Wong sing pada melarat duwene motor tok, apik-apike motor PCX, NMax, Vario kue pada senenge nginung Pertamax. Jare eben mesine awet, eh ka jebule oplosan. Jebule ya dudu mung ciu tok sing dioplos yah. Toli kepiben, motore pada rusak ora? Wis motor mung-munge, olih kridit maning.