Penulis: Mahesa Bagaskara
Nyepatani tah ora, mung ka bisa gemremet nemen sung. Ning kene luruh duit pagi kangelan. Bocah njaluk jajan ya kudune diluruh disit, pan buka puasa mangan enak ya kudune rekasa disit, mikiri sandange anak bojo nggo badanan ya durung ana kepastian. Tapi nggal dina ka kayong kerungu maning wong korupsi, kerungu maning wong korupsi. Akeh nemen koruptor.
Sajege merek wulan puasa nganti saiki puasa olih limang dina, kayong nggal dina kerungu berita korupsi bae. Sing gawe geger sejagat, pertama kasus korupsi ning Pertamina, kerugian negara jare sampe pan merek Rp 1.000 triliun. Ana maning korupsi LPEI (Lembaga Pembiayaan Ekspor Indonesia), jare kerugiane Rp 11,7 triliun.
Ana maning, kelanjutane korupsi emas palsu sing PT Aneka Tambang (Antam) sing antebe anjog 109 ton. Jare kerugiane nganti Rp 1 triliun. Toli wingi-wingi, wis ana upaya banding Harvey Moeis ning kasus korupsi PT Timah, sing maune 6 taun dadi 20 taun.
Korupsi kerugiane nganti Rp 300 triliun ka mung dipenjara 20 tahun, sih pibe ceritane? Kue durung ana subsider (diskon kurungan), remisi (diskon kurungan wulan Agustus), karo diskon lia-liane. Wong penjara bae ana diskone yah, kayong enak temen. Wong melarat kaya enyong ya kerungu kaya kue kayong ngelus dada tok.
Geh, nyepatani tah ora. Senggane hukumane wong korupsi hukumane dipenjara nganti modar pibe? Enyong pengin kerungu berita koruptor mati ning penjara. Pengin nemen. Toli enyong ora pan layad, kukur silit malah.
Saiki tah jamane sing melarat ya tambah mgedangsak, sing sugih ya tambah sugih. Tapi sugih olih hasil sing korupsi ya moga-moga bae pada bae ngedangsake. Tapi dipikir ka kayong ora mungkin yah. Soale wis genah, wis dadi tersangka korupsi geh masih cengar-cengir, metu sing penjara ya pada bae cengar-cengir. Berarti kayane dunya hasil korupsine masih akeh.
Kiyeh man. Enyong pan ngresula. Wong melarat kaya kiye geh enyong taat bayar pajeg. Ora pajeg motor, pajeg umah, mangan enak secuwil ning restoran ya kena pajeg. Taat nemen enyong maring pemrentah. Tapi ka para pejabat pemrentah dadi nglunjak, pada korupsi kayong kepenak temen. Boro-boro mikiri rakyat, mikire wetenge dewek, waduke dewek nganti njeblug.